Minggu, 14 September 2014

Pambagyaharja

A.  Tegese Pambagyaharja
            Tembung pambagyaharja kedadeyan saka rong tembung yakuwi pambagya lan harja kang didadekake siji (tembung saroja). Miturut Bausastra Jawa pambagya nduweni teges pambage , enggone mbagekake, pakurmatan (2001: 566). Dene tembung harja, hargya: urmat, ngurmati (2001:26). Dadi, tegese pambagyaharja ngaturi pakurmatan utawa bage-binage, mbagekake para among tamu kang rawuh ana sasana pawihan.
Ana ing adicara penganten, pambagyaharja kapacak ana titi adicara sawise  penganten kekalih nindakake sungkeman. Ngendikane panata adicara kurang luwihe kaya mangkene.
Wus paripurna risang penganten marak sowan saha nindakaken sungkeman, saestu lampahing budaya edi endah angresepaken pandulu, tumapaking adicara salajengipun inggih menika atur pambagyaharja kairing atur panuwun saha wedharing gati saking Bapak/Ibu ingkang amengku karya. Ing sakawit panjenenganipun Bapak/Ibu … badhe matur piyambak wonten ngarsa panjenengan sedaya, ananging awrat nampi sih kadarmin ingkang arupi menapa kemawon saking para tamu, saengga namung kandheg ing jaja, lajeng lenggah, legeg ing wardaya boten saged matur menapa-menapa, pramila lajeng ngresaya dhumateng panjenenganipun Bapak … minangka badal wakilipun, ingkang menika sasana wara saha piantosi  pun sumangga katur. Nuwun!
Pambagyaharja uga dianggo ana acara supitan. Ing ngisor iki tuladha pambagyaharja ana ing adicara pengantin lan supitan.
B.  Sangunipun Juru Sesorah/Pamedharsabda
1.       Nguwasani bahan utawa perkara kang arep diwedharake
Juru pamedhar sabda  kudu nguwasani bahan utawa perkara sing diwedharake sarta wani caos tanggapan tumraping panyaruwe. Tanggapan kuwi kudune nduweni dhasar utawa landhesan ora amung waton ngomong.  Mula  kudune nduweni sangu ilmu kang mumpuni.
1.       Nduweni Rasa Wani
Juru pamedhar sabda uga nduweni rasa wani micara ngadhepi wong akeh. Amarga bisa uga kalah prabawa karo pawongan sing diadhepi. Apamaneh yen sing diadhepi kuwi nduweni prabawa lan kepinteran kang luwih.
1.       Patrap utawa sikep
Patrap utawa sikep kudu sing trengginas, tanggap, manteb, luwes, pantes, wibawa, aora ingah-ingih, apamaneh wedinan. Nalikaning ngadeg kudu jejeg, ora ndhoyong, ora cekelan kepara lendhetan cagak. Parlu dimangerteni juru pamedhar sabda utawa juru paniti laksana sajroning ngayahi wajib/jejibahan uga dadi pasugatan mungguhing para tamu.ngegreng/semuwa utawa orane swasana wiwahan gumantung uga saka paraga kasebut.
Mula kuwi, kudune nduweni utawa ora uwal saka tata krama utawa trapsila yakuwi solah bawa, tindak-tanduk sing prasaja utawa apa anane ora digawe-gawe. Owah-owahaning pasuryan katon sumriingah anengsemake amarga swasanane nyenengake.
1.       Busana lan ngadi sarira
Tegese nalika nindakake ayahankuwi busana utawa ageman lan ngadi sarira kudu diselarasake kahanan.
1.       Basa lan sastra
Basa minangka piranti utawa sarana lelantaran, sesambungan utawa lung-tinampa karo para tamu utawa sing ngrungokake, mula saka kuwi basane ora basa ndakik-ndakik sing ora dimangerteni dening sing ngrukokake, ananging basa sing gampang dimangerteni wong akeh. Dene basa sing trep uga basa sing bener tuntunaning parama-sastra. Pamilihing tembung, pangrakiting ukara, laguning ukara (intonasi) ingkang cetha, kendho-kenceng, inggil-andhap, cepet rindhik lsp. Ringkesing basa kudu sing komunikatif, tegese kudu ngilingi:
·         Sapa sing ngajak guneman;
·         Sapa sing diajak guneman;
·         Sapa sing diomonggake;
·         Swasananing nalikaning guneman;
·         Padha mangerteni sing diomongake.
Babagan kang perlu digatekake sadurunge menehi sesorah ana ngarepe pawongan akeh :
a)       Temtokake ancasing sesorah
b)       Nganalisis situasi lan para pamireng
c)       Milih lan nyiutake topik.
d)       Ngumpulake bahan.
e)       Nggawe cengkorongan
f)         Ngandharake cengkorongan kanthi komplet.
g)       Gladhen mawa swara sing banter.

C. Tuladha Pambagyaharja
·         Pambagyaharja Penganten
Assalamu ’alakum Wr. Wb.
Nuwun! Para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kinabekten. Para pangemban pangembating negari ingkang dados pangayoming sesami, dalah sanggyaning tamu ingkang kinurmatan.
Keparenga kula minang badal wakilipun Bapak/Ibu … ingkang amengku gati, binantu kadang karuhipun, kula piniji ngaturaken ingkang dados raos-wiraosing manah, amargi karoban sih kadarman panjenengan sedaya satemah boten kuwawi matur piyambak.
Minangka purwaning atur, sumangga tansah enget ngunjukkaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti Illahii Robbi ingkang sampun ngrentahaken rahmat, hidayah, saha inayah-Ipun, mliginipun kasugengan saha kalodhangan satemah kula sedaya anjenengi serat sedhahanipun Bapak/Ibu … ing ratri/siang puniki. Mugia lumintu pudyastawa tumrap kula sedaya. Amin. Amin. Amin Ya Robbal Alamin.
Salajengipun Bapak/Ibu … ngambali atur sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang tanpa pepindhan awitt saking rawuh panjenengan sekaliyan, saha paringanipun donga lan pangestu awit gatining sedya saha paringanipun sih kadarman ingkang awujud menapa kemawon, boten langkung kula sagotrah tansah sumendhe dhateng Pangeran Allah Ta’ala mugi dhumateng sedaya kesaenan panjenengan, keparingan lelintu ganjaran ingkang matikel-tikel. Amin.
Wondene gatining sedya, sinaosa sampun kaserat ing serat sedhahan saha ampun kaaturakenn sedherek ingkang sowan wonten ngarsa panjenengan, boten wonten awonipun  menawi kula aturaken malih. Kados ingkang sampun kaserat menggah wigatosing gati Bapak/Ibu …anetepi wajibing asepuh amiwaha putra, ngentas pitulus kenya putrinipun … ingkang sesilih gendhuk …, kapalakramakaken kaliyan Bagus …, putra kakungipun Bapak/Ibu …, ingkang pidalem ing …, sampun  kalampah ijab saha kabul manut satataning agami lan nagari ing dinten … winantu wilujeng kalis ing rubeda. Ingkang menika panjenenganipun sedaya kasuwun rawuh ing rompok mriki saperlu kasuwunan tambahing donga pangestu dhumateng penganten kekalih mugi anggenipun sami lelumban ing bebrayan agung, tansah atut runtut, manggih basuki kang kaesthi, satemah enggal kaparingan nugrahaning gusti momongan datan angarani kakung menapa estri, kkanthi angugemi brayat rinancang tanpa keri.
Salajengipun, sinaosa sampun kaserat ing serat sedhahan saha dipun aturaken dening sanak kadang ingkang sowan, ananging boten wonten awonipun kula aturaken menggah ingkang dados wigatosing pahargyan ing ratri/siang menika. Sanggyaning tamu ingkang pantes ingkang pantes sinudarsana, kawuningan bilih Bapak/Ibu … ing wekdal menika kagungan kersa/hajat mbojakramekaken putrinapun putri ingkang sesilih pun gendhuk … pikantuk anak mas Bagus … putra kakungipun Bapak/Ibu ….
Ingkang pidalem ing … kalurahan … kecamatan …
Ingkang ijab lan kabulipuun sampun kaleksanan ing dinten Jumat Wage surya kaping … utawi tanggal 2 Juli 2011 ing Masjid Shuhada Ngayogyakarta pinanggih ing karaharjan.
Kanthi rawuh panjenengan sedaya amimbuhi donga pangestu dhumateng penganten  kekalih anggenipun badhe ngambah alam bebrayan enggal, mugi tansah kalis nir ing rubeda, kacelakna ing karaharjan sedayanipun. Amin.
Lumampahing pahargyan ing wekdal menika boten saged kalampah menawi tanpa iguh pratikel, penggalihan saha sumbang surung arupi menapa kemawon saking tangga tepalih sanak kadang inggih wiwit nguntir tali sepisanan ngantos samangke saparipurnaning gati, ingkang menika awit saking sedaya kesaenanipun dipunaturaken agenging panuwun kairing donga dhateng pangeran Allah SWT. Mugia keparingan lelintu nugraha ingkang langkung kathah. Amin. Amin. Amin.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah kula kurmati!
Bapak/ibu …boten kesupen ugi, nyuwun agenging pangapunten ing mbokbilih anggenipun caos, lungguh menapa dene suguh ing samangkenipun ingkang namung sarwa prasaja saengga boten laras kaliyan kalengganipun Bapak/Ibu/sdr sedaya. Pramila saestu sepisan malih Bapak/Ibu … tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Inggih namung amrih rancaging panindak mbokbilih samangke para mudha ngaturaken cihnaning pakurmatan arupi unjukan saha lampiranipun ingkang sarwa prasaja sampun lumados lan kaasta, nuwun sewu kersaa angresepi kaunjuk saha kadhahar samardikaning penggalih tanpa kula angacarani malih.
Wasana cekap semanten ingkang dados aturipun Bapak/Ibu …

Lan kula pribadhi anggen kula matur ugi kathah tuna dungkap saha tumpang suh tuwin ndadosaken runtiking penggalihipun para rawuh, saestu nyuwun samodra pangaksama. Makaten kasekecakna lenggah dumugi saparipurnanipun damel, kanthi akhirul kalam, Wabilahitaufiq Wal hidayah. Wassalamu’alaiku Wr. Wb.  Nuwun!

Minggu, 31 Agustus 2014

Widya Tembung

Widya tembung tegesipun ilmu ingkang ngrembag lan nyinau bab tembung lan pangrimbaging tembung. Widya tembung miturut RDS Hadiwidjana (1967) sinebat titi tembung, utawi ing ilmu linguistik kawastanan morfologi basa Jawi. Tembung wonten ing basa Jawi saged kaperang dados kalih, adhedhasar wujud lan jinisipun.

  1. Wujudipun Tembung
Adhedhasar wujudipun, tembung basa Jawi kaperang dados sekawan, inggih menika (1) tembung lingga, (2) tembung andhahan, (3) tembung rangkep, (4) tembung camboran (Sry Satriya Tjatur Wisnu Sasangka, 2008:38).

  1. Tembung Lingga
Tembung lingga utawi kata asal (kata dasar) inggih menika tembung ingkang taksih wetah ingkang dereng pikantuk imbuhan menapa-menapa. Tembung lingga wonten ingkang dumados saking sawanda, kalih wanda, tigang wanda, utawi sekawan wanda. Tuladhanipun makaten:

sawanda
kalih wanda
tigang wanda
sekawan wanda
gong
bom
las
tik
lan
cet
ing
cara
basa
Jawi
raos
tresna
sanget
dalah
guru
jumbuh
budaya
majalah
gubernur
tuladha
manawi
rekasa
kulina
kapiran
padharan
mustaka
wicaksana


  1. Tembung Andhahan
Tembung andhahan (kata jadian) inggih menika tembung ingkang sampun ewah saking lingganipun amargi kawuwuhan imbuhan. Imbuhan (afiks) basa Jawi wujudipun wonten sekawan, inggih menika ater-ater (awalan, prefiks), seselan (sisipan, infiks), panambang (akhiran, sufiks), lan imbuhan sesarengan (konfiks).
1)      Ater-ater
Ater-ater menika imbuhan ingkang dunungipun wonten ing kiwanipun tembung utawi ing ngajeng tembung. Ater-ater basa Jawi menika cacahipun kathah, inggih menika ater-ater anuswara, ater-ater a-, ka-, ke-, di-, sa-, pa anuswara-, pi-, pri-, pra-, tar-, kuma-, kami-, lan kapi-. Ater-ater menika panyeratipun tansah sumambung utawi kedah gandheng kaliyan tembung lingganipun.
2)      Seselan
Seselan utawi sisipan (infiks) inggih menika imbuhan ingkang kapapanaken ing tengahing tembung. Seselan ing basa Jawi namung wonten sekawan, inggih menika -um-, -in-, -el-, lan -er-.
3)      Panambang
Panambang utawi akhiran (sufiks) inggih menika imbuhan ingkang dumunung ing wingking tembung. Panyeratipun kedah sumambung rapet kaliyan tembung ingkang wonten ing sisih kiwanipun lan mboten kenging kapisah.Panambang ing basa Jawi wujudipun inggih menika i-, a-, e-, en-, an-, na-, ana-, ane-, lan ake-.
4)      Imbuhan Sesarengan
Imbuhan sesarengan (konfiks) inggih menika imbuhan ingkang awujud ater-ater (prefiks) lan panambang (sufiks) ingkang dipuntambahaken ing tembung lingga kanthi sesarengan. Imbuhan menika kaperang dados kalih, imbuhan sesarengan rumaket lan imbuhan sesarengan renggang.
Cobi tembung andhahan ing tabel ngandhap menika Panjenengan andharaken (udhal) miturut pangrimbagipun tembung.

macul
nutup
ngeplak
nyambel
mbalang
ndhupak
ngelas
ateges
maguru
mertamba
mangidul
katulis
kautus
kesiram
kobong
diwulang
dipundhahar
sagelas
penget
pawarta
pamriksa
piandel
pratandha
pribumi
tartamtu
kumawani
mudhun
matur
kuminter
gumagus
ingatur
ginambar
krelap
grandhul
klepyur
tliti
tambani
pijeti
balia
takona
parine
wajike
astanipun
tindakipun
kancane
pancinge
suduken
tutupen
isinen
gawanen
duduten
kreminen
kancingan
jogedan
jupukna
kandhakna
takokna
kandhanana
talenana
talenane
jiwitane
gawakake
tulisake
sarekaken
serataken
kabledhosan
karaharjan
keciliken
keminggiren
pasuketan
paguyuban
padesan
prajanjen
mlumpati
njiwiti
nglungguhi
nyuguhi
mulanga
ndhagela
nggambara
nyabranga
mbalangake
njupukake
nglamarake
nyilihake
mbundhelana
nulisana
ngeplakana
nyedhakana
mlakune
njupuke
nglumpuke
nyulape
dijupuki
diwulanga
dikandhanana
digarapake
ginambaran
sinambungake
tinangisana
sumingkira
sakesele

c.       Tembung Rangkep
Tembung rangkep utawi reduplikasi basa Jawi cacahipun wonten tiga, inggih menika dwipurwa, dwilingga, lan dwiwasana.
1)      Dwipurwa
Dwipurwa menika tembung ingkang dumados saking pangrangkepipun purwaning tembung lingga utawi pangrangkepipun wanda kawitane tembung.Tuladha:
bungah     à   bubungah       à bebungah
lara           à   lalara              à  lelara
pangan     à   mangan         à  mamangan     à  memangan
gambar    à   nggambar      à  nggagambar   à nggegambar
Dwipurwa saged ndhapuk tembung lingga dados tembung aran utawi tembung kriya kados tuladha ing ngandhap menika.
reged       à  rereged
wadi         à  wewadi
resik         à  reresik
suci          à  sesuci
2)      Dwilingga
Dwilingga inggih menika tembung lingga ingkang dipunrangkep. Pangrangkepipun tembung lingga menika wonten ingkang karangkep wutuh lan ugi wonten ingkang karangkep mawi ewah-ewahan swanten. Tuladhanipun dwilingga:
celuk       à  celuk-celuk
watuk      à   watuk-watuk
Tembung lingga ingkang dipunrangkep padatan ngemu teges: (i) kathah (pluralitas), (ii) nyangetaken suraosipun (penekanan), (iii) sanadyan (pengandaian), (iv) tansah utawi wongsal-wangsul (kebiasaan). Cobi menapa tegesipun tembung rangkep ing ukara ngandhap menika?
(1)   Bocah-bocah dolanan ing lapangan.
(2)   Kowe ora pareng bengok-bengok.
(3)   Gering-gering ning rak pinter.
(4)   Piye ta aku iki kok lali-lali wae.
Wonten tembung ingkang wujudipun memper kaliyan tembung dwilingga, nanging sejatosipun boten kalebet tembung dwilingga. Tembung makaten wau kawastanan tembung dwilingga semu, tuladhanipun:
alun-alun                              anting-anting
ondhe-ondhe                          unyeng-unyeng          
Dwilingga ingkang pikantuk panambang –an saged ngemu teges (i) samidene (resiprokal), (ii) mbandhingaken (pembandingan), (iii) boten saestu-estu utawi namung dolanan/ethok-ethok. Tuladhanipun:
(i)                 takon-takonan
jiwit-jiwitan
tendhang-tendhangan
(ii)               ayu-ayunan
bagus-bagusan
pinter-pinteran
(iii)             montor-montoran
sepur-sepuran
omah-omahan
3)      Dwilingga Salin Swara
Dwilingga salin swara inggih menika tembung lingga ingkang karangkep mawi ewah-ewahan swanten. Upaminipun: tokan-takon, wotak-watuk, celak-celuk; dhuran-dhuren, montar-montor, klomba-klambi, lan sapanunggalanipun. Tembung lingga ingkang karangkep mawi ewah-ewahan swanten menika ngemu teges (i) akeh/kathah (pluralitas) lan (ii) bola-bali/wongsal-wangsul <lingga> utawi tansah <lingga>.
4)      Dwiwasana
Dwiwasana menika tembung ingkang ngrangkep wanda wekasan utawi ngrangkep wasananipun tembung. Tuladhanipun:
cingak   à cingakngak   à cingangak    à cengingak
cenges à cengesnges  à cengenges
cengis  à cengisngis     à cengingis

d.      Tembung Camboran
Tembung camboran utawi kata majemuk (kompositum) inggih menika tembung kalih utawi langkung ingkang dipungandheng dados setunggal lan tembung wau dados tembung enggal ingkang lajeng ugi gadhah teges enggal. Tuladhanipun:
lareangon ‘aranipun sawer’
dawa tangane ‘clemer’
semar mendem ‘aranipun dhaharan kadamel saking ketan’
Tembung camboran saged dipunperang dados kalih, inggih menika camboran wutuh lan camboran tugel.

1)      Camboran Wutuh
Tembung camboran wutuh inggih menika tembung camboran ingkang dumados saking tembung-tembung ingkang taksih wetah. Tuladhanipun :
dhadha menthok                      gantung siwur
raja lele                                   randha royal
Tembung camboran saged dipuntambahi imbuhan menapa kemawon. Mapanipun imbuhan wonten ing purwaning utawi pungkasaning tembung camboran. Tuladhanipun :
dhadha menthoke  sanes  *dhadhane menthok
randha royale  sanes  *randhane royal
disemarmendemake  sanes  *disemarake mendem
dinagasarekake  sanes  *dinagakake sari
2)      Camboran Tugel
      Camboran tugel inggih menika tembung camboran ingkang dumados saking tembung ingkang taksih wetah lan tembung wancahan, utawi sedaya tembungipun dumados saking tembung wancahan. Tuladha:
      panastis   à  panas + atis
      naksanak à  anak + sanak
      botrepot   à  abot + repot
      lunglit       à  balung + kulit
      dubang    à   idu + abang
      Tembung camboran wonten ingkang tegesipun ewah babar pisan, wonten ingkang tegesipun mringkus (spesifik), wonten ingkang tegesipun nyangetaken (intensitas), wonten ugi ingkang tegesipun sanepan (kiasan).
(i)     Tembung camboran ingkang tegesipun ewah sadaya
                  semar mendem ‘aranipun dhaharan saking ketan’
                  raja lele ‘araning uwos ingkang eca’
(ii)   Tembung camboran ingkang tegesipun mringkus (spesifik)

Jumat, 29 Agustus 2014

Sang Prabu Jaya Baya



Teks1


?$= %] *u jy *y ai=  @ diri misuwu/ kqh afilLipun\, p]bwnipunSmi k[fos Pd=zi= s}[z[z ai= m=s ktig,%vJene=znNipun ki[nri=znHi= ssmini= r#u,awitSki= kp]wirnNipunHi= pp]=zn\,[bote[nWonTenHi=k= nimB=zi,pr r#u ai=k= nu=gilJmnKliyn\%]*u jy*y,kaup[mkHken >mB|ln\,%]*u jy*y ai=k= min=k s}[z[z,[so[rotTipunZ|cemMken Pd=zi= ImB|ln\.