A. Latar Belakang Filsafat Wayang
1. Sathitik Ngengingi Wayang
Wayang inggih punika salah satunggaling wujuding Teater lan Drama ingkang alus lan rumit (Brandon:1970).
Ing Basa Jawi tembung “wayang” ngemu teges “bayangan”. Menawi
dipun-tingali saking filsafatipun nggadhahi teges bayangan utawi
wewujudan saking sipatipun para manungsa, tuladhanipun angkara murka,
kebajikan, serakah lsp. Wayang dipun-paragani dhening Dhalang, Sinden
lan Pangrawit. Ginaning dhalang ing ngriki kagem ngatur lampahing
wayang. Ing pertunjukan wayang dipun-tepang set kiwa lan tengen.
Set tengen kagem paraga-paraga ingkang mbela kasaenan saha kabajikan,
menawi set kiwa kagem paraga angkara murka.
Pertunjukan
wayang dasaripun minangkani upacara keagamaan utawi upacara ingkang
nggadhahi sesambetan kaliyan kapitadosan tumuju “Hyang”, kalampahaken
ing wayah dalu dhening satunggaling prantara ingkang dipu-sebat
“Syaman”, kanthi mundut cariyos-cariyos saking leluhuripun utawi nenek moyang-ipun. Upacara punika nggadhahi ancas nimbali lan sesambetan kaliyan Roh para leluhur kangge nyuwun pitulung lan restunipun menawi wonten sapanthan bebrayan badhe miwiti utawi mungkasi pakaryan.
2. Filsafat ing Cariyos Wayang
Wayang
minangka basa simbol kehidupan ingkang sipatipun rohaniyah tinimbang
jasmaniyah. Nalika tiyang mirsani pagelaran wayang, ingkang
dipunutamakaken boten bentukipun wayang ananging prekawis ingkang
kasirat wonten ing cariyos wayang kasebut. Tuladhanipun, menawi wonten
tiyang ingkang macak lan ngadhepi kaca rias, ingkang dipun-pirsani boten
wujud lan ukuranipun, ananging tiyang punika ningali baying-bayang
wujudipun piyambak.
B. Semar Minangka
1. Mitos asal-usuling Semar
Salah
satunggaling sumber nyariosaken asal-ususling Semar. Inggih punika
mekaten. Bilih langit lan bumi punika dipun-kuwaosi dening Sang Hyang
Wenang. Sang Hyang Wenang ngadhahi putra satungggal kanga ran Sang Hyang
Tunggal, Sang Hyang Tunggal nggadhahi garwa kanga ran
Dewi Rekatawati, putrid kepiting raseksa kanga ran Rekatama. Wonten ing
sawijining dina Dewi Rekatawati nigan (Bertelur) lan sapunika ugi
tiganipun miber dhateng langit saperlu ngadhep Sang Hyang Wenang. Tigan
punika mecah piyambak lajeng muncul wewujudan tigang makhluk. Ingkang
muncul saking kulit tigan kaparingi nama Tejamantri, putih telur kaparingi nama Ismaya, lan saking kuning telur Manikmaya namanipun.
Ing sawijining dina katiganipun sami wicantenan, ingkang akibatipun sami bertengkar masalah
sinten ingkang badhe nggantos kakuwasan bapakipun samangkih. Manikmaya
nggadhahi saran ngadhani sayembara, sayembaranipun sinten ingkang saged
nedha gunung lan saged medhalaken malih, punika samangkih ingkang
nggantosaken kakuwasan bapakipun. Tejamantri minangka paling sepuh,
nyobi rumiyin ananging gagal. Lajeng Ismaya, piyambakipun saged nedha
gunung ananging boten saged medhalaken. Prastawa punika ingkang
nyebabaken kajadian Gara-gara.
Sang
Hyang Wenang lajeng rawuh lan mutusaken, panjenenganipun ngendikan
bilih ing wekdalipun Manikmaya ingkang dados raja para dewa, panguwasa
surgaing kahyangan. Ugi nggadhahi katurunan ingkang gesang ing bumi.
Lajeng Ismaya lan Tejamantri kedhah mandhap dhateng bumi saperlu ngopeni
katurunan saking Manikmaya. Kekalihipun saged nghadhap Sang Hyang
Wenang menawi Manikmaya boten nindaki kaadilan. Ing wekdal punika ugi
Sang Hyang wenang nggantos namanipun katiganipun. Manikmaya dados
Bathara Guru, Tejamantri dados Togog lan Ismaya dados Semar. Amargi
gunugn sampun kapangan lan boten saged dipun-medhalaken malih, wujuding
Semar dados ageng, lemuk lan bunder. Langkung katingal kados cebol.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar