Maca
yaiku kagiyatan sing ditindakake sawijining pawongan kanggo golek pesen kang
diandharake dening pawongan kang nulis, kanthi sarana basa tulis. Jinis maca
iku ana loro, yaiku maca ing batin lan maca nyuwara. Kang klebu peranganing
maca nyuwara yaiku maca banter. Ing piwulang iki arep diandharake babagan maca
banter. Maca banter iku sejatine kegiyatan nyuwarakake tulisan kanthi
nggatekake swara, intonasi, tekanan kanthi bener. Kegiyatan maca banter iki
perlu nggatekake perkara-perkara kaya ing ngisor iki:
1.
Nggatekake pangucapan
2.
Nggatekake intonasi lan nada
3.
Nggatekake tandha wacan, umpamane titik
lan koma
4.
Nggatekake ekspresi
5.
Nggatekake alon lan cepete anggone maca
6.
Nggatekake isine wacan lan anggone maca
kudu kendel.