Sabtu, 04 Mei 2013

Jinis-jinis Tembung



1.     Tembung Kriya
Sedaya tembung ingkang nerangaken tumindak padamelan, tuladhanipun mlampah, tilem, lan sapanunggalanipun.
2.     Tembung Aran
Sedaya tembung ingkang mastani namaning barang ingkang maujud utawi ingkang dipun anggep maujud, tuladhanipun ember, kasur, lan sapanunggalanipun.
3.     Tembung Kawontenan/Kahanan
Sedaya tembung ingkang nerangaken kawontenanipun barang, tuladhanipun ageng, alit, lan sapanunggalanipun.
4.     Tembung Katrangan
Sedaya tembung ingkang nerangaken kawontenan kriya, tuladhanipun esuk mau, saiki, lan sapanunggalanipun
5.     Tembung Sesulih
Sedaya tembung ingkang dados sesulihipun barang maujud utawi ingkang kaanggep maujud, tuladhanipun ku, mu, iku, lan sapanunggalanipun
6.     Tembung Wilangan
Tuladhanipun setunggal, kalih, tiga, lan sapanunggalanipun
7.     Tembung Panggandheng
Tuladhanipun lan, sarta, nanging, lan sapanunggalanipun
8.     Tembung Panggenah
Tuladhanipun Sang, ponang, Sang Hyang, Sri, lan sapanunggalanipun
9.     Tembung Dunung (prepotition)
Tembung ingkang nerangaken enggon utawi entering barang, tuladhanipun ing, dening, lan sapanunggalanipun
10.  Tembung Panguwuh (Interjection = Panyuru)
Tembung ingkang nerangaken panguwuh utawi sesambat, tuladhanipun lho, wah, o, lan sapanunggalanipun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar