Kamis, 20 Februari 2014

Wangsalan

Jenang gula, kowe aja lali
( jenang gula : gulali = lali )
Sekar aren, rawuhipun sampun dangu-dangu
( Sekar aren : dangu = dangu )
Njanur gunung, kadingaren
( Janur gunung : Aren = Kadingaren )
Mbalung klapa, geleme mung ethok – ethokan.
( Mbalung Klapa : Batok = Ethok – ethok )
Mbalung janur, Paring Usada nggonku nandhang wuyung
( Balung janur : Sada = usada )
Reca kayu, goleka kaweruh rahayu
( Reca kayu : Golekan = goleka )
Ngembang garut nggremeng ora karuwan
( kembang garut = gremeng = nggremeng )
Ngembang kacang, mbesengut ora kalegan.
( kembang kacang : besengut =  mbesengut )
Kembang jambu, kemaruk duw dolanan anyar.
( kembang jambu : karuk =  kemaruk )
Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.
( Roning mlinjo : so = ngaso ).
Klapa mudha, yen kalegan paringa apura.
( klapa mudha : degan = kalegan )
Kembang gembili seneng-seneng oleh rejeki.
( kembang gembili : seneng = seneng-seneng )
Witing klapa jawata ing ngarcapada. Salugune wong mudha gelem rekasa.
( witing klapa : glugu = salugune )
Mamet tirta, tirta jawah jro katiga, suka lila lebur luluh labuh praja
( memet tirta : Ngangsu, tirta jawah jro katiga = labuh )
Mbok aja nglemah bengkah
( Nglemah bengkah : tela = nyela-nyela )
Gayung sumur, aja kemba aja mundhu
( Gayung sumur : Timba = Kemba )
Pindhang lulang, kacek apa aku karo kowe
( Pindhang lulang : Krecek = Kacek )
Nggodong garing, esuk – esuk kok wis nglaras
( godong garing : Klaras = nglaras )
Mbalung geni, mbak menawa aku bisa teka
( Balung geni : Mawa = Menawa )
Balung pakel, aja seneng alok-alok
( Balung pakel : Pelok = alok – alok )
Bayem arda, dhasar anteng kang adi luhung
( Bayem arda : Lanteng = anteng )
Kuku gantung, sawangan kang adi luhung
( Kukus gantung : sawang =  sawangan )
Durna putra, ngudiya basa utama
( Durna putra : aswatan = ngudiya )
Bibis tasik, tasik manda winor tirta. Maju mundur tangeh marem kang pinanggya
( bibis tasik : undur – undur )
( Tasik manda winor tirta : Parem )
Tapas aren, aren arab wijilira tindak tanduk, nora ninggal tata krama
( Tapas aren : duk )
( Aren arab wijilira : Kurma )
Kancing gelung munggweng dadha, titenana!
( Kancing gelung : Peniti = Titenana )
Yen ora nesu, geneyo kowe kok mentil kacang, mrengut terus.
( mentil kacang : sungut = mrengut )
Mung pingin nggentha dara
( nggentha dara : sawangan = nyawang )
Kahananmu saiki, jan..mandan rawa
( Mandan rawa : wlingi = mangklingi )
Cipta arda, ardaning tyas mring sasama, tyas susila nor raga ambek jatmika
( Cipta arda : nepsu, ardhaning tyas mring sasama = ambek )
1. Aja rame-rame wonge lagi mbabon kirik.
(babon kirik = asu, batangane nesu).
2. Jenang sela wader kalen sesonderan, apuranta yen wonten lepat kawula. 
(Jenang sela = apu, wader kalen = sepat)
3. Babal bunder manglung kali, Lho, patrapmu kok kaya mangkono !. 
(Babal bunder =elo).
4. Mbok aja njangan gori, ethok-ethok ora krungu! 
(Jangan gori = gudheg)
5. Bayem arda, ardane ngrasuk busana, mari anteng besuse saya katara. 
(bayem arda = lateng, ardane ngrasuk busana = besus)
6. Mina galak ing samodra, bacutna gunemmu Kang Gareng.
(mina galak ing samodra =iwak cucut)
7. Petis manis, ngucapna tembung sing manis.
(petis manis = kecap)
8. Bareng macak sliramu katon mandhan rawa.
(pandhan rawa = wlingi)
9. Pring dhempet, kowe teka mrene kok ara kandha-kandha !. 
(pring dhempet = andha)
10. Dom jala, coba aku kandhanana ! 
(dom jala = coba)
11. Bremara wismeng bantala, kawula badhe caos atur. 
(bremara wismeng bantala = tawon tutur, bremara = kombang )
12. Sayeng kaga kaga kresna mangsa sawa, wong susila lagake anuju prana. 
(sayengkaga = kala, kaga kresna mangsa sawa = manuk gagak)
13. Sri Maha Jawata katong, andaka wulune rekta, jroning nendra gung kaepi.
(Ratune para jawata = Bathara Endra, andaka wulune rekta = sapi )
14. Carang wreksa kawi wuwus, panggya andika kusuma. 
(carang wreksa = pang , wuwus = tembung kawi ngendika)
15. Kepiting kang sobeng rawa, nguswaraganta wong ayu. 
(Kepiting kang saba ana ing rawa = yuyu)
16. Bale nata rondon pari, paran margane wak mami. 
(bale nata = pagelaran, rondon pari = dami)
17. Cecangkok wohing kalapa, ugemana kang dadi pathoking urip. 
(Cangkok kalapa = bathok )
18. Carang wreksa, nora gampang wong mengku nagara. 
(Carang wreksa = pang)
19. Baligo amba godhonge, kudu santoseng kalbu. 
(baligo amba godhonge = labu)
20. Tengareng prang, andheging riris, kudu teteg lan kudu terang ing pikir. 
(tengaraperang = keteg , andeging riris (mandhege udan) = terang )

Minggu, 16 Februari 2014

Campursari

Campursari yaiku jinising lelagon Jawa. Campusari tegese lelagon Jawa kang ngemot pirang-pirang aspek seni. Lagu kang kerep dianggo campursari bisa wujud: lagu dolanan, langgam, Macapat, tembanggedhe, gendhing sekar, sekar gendhing, bawa, umpak-umpak lsp. Tokoh campursari sing kondhang yaiku manthous saka Gunung Kidul. Katitik saka instrumen sing dinggo ngiringi, wujud gamelan tradisional Jawa instrumen musik nasional. Lelorone dianggo bebarengan kanthi trep, nganti kepenak dirungokake. Gabungan instrumen kasebut diangkah supaya tinemu harmoni seni Campursari. Instrumen campursari sing kerep kanggo kayata kendhang, demung, gong, rebab, piano, gitar.
Paraga kang nglagokake campursari diarani wiraswara utawa swarawati. Anggone nglagokake ngetutake unine gendhing. Yen sing nglagokake bebas (merdhika), rong larik mandheg, banjur diselingi omong-omong ora apa-apa. Biasane campursari asring kanggo nglelipur ing pahargyan apa wae, kayata pengetan 17 Agustus, supitan, tasyakuran, mantenan, uga asring dinggo lelagon dening pelawak pendhagel, gara-gara ing wayang kulit, limbukan wayang kulit, dhagelan (guyonan), kethoprak.
Wujudipun campursari:
1. Ingkang klebet langgam cmpursari:
Ngidhamsari, Anting-anting, Aja sembrana, Lingsir wengi, Bengawan solo, Setya tuhu, Aja lamis, Jenang gula, Kusumaning ati, lela-lela ledhung.
2. Ingkang klebet lelagon dolanan campursari:
Kuda lumping, Ilir-ilir, Buta galak, Jamu-jamu, Nginang karo ngilo, Dhayohe teka
3. Ingkang klebet lelagon campursari:
Sekonyong-konyong kodher, Sentir lenga patra, Nonong, Randha kempling, Stasiun balapan, Tamba ati, taman Jurug.
4. Ingkang klebet macapat campursari:
Asmaradhana : Anjasmara animani, Dhandhanggula Sida asih, Dhandhang gula turulare
Mijil kethoprak : Dedalane, Pocung, Semar iku
5. Ingkang klebet sekar gendhing campursari:
Wahyu, Ayak pamungkas, Rangu-rangu, Puspa giwang, Gandahastuti, Umbul donga.
Tuladha Lagu Campursari
Teks Lagu : Aja Dipleroki
Mas mas mas aja dipleroki
Mas mas mas aja dipoyoki
Karepku njaluk diesemi
Tingkah lakumu kudu ngerti cara
Aja ditinggal kapribaden katimuran
Mengko gek keri ing jaman
Mbokya sing eling eling bab apa
Iku budaya pancene bener kandhamu
Pencipta lagu dan komposer
• Manthous
Manthous lahir di Desa Playen, Gunung Kidul pada tahun 1950. Ketika berusia 16 tahun, Manthous memberanikan diri pergi ke Jakarta. Pilihan utamanya adalah hidup ngamen, yang ia anggap mewakili bakatnya. Namun, pada tahun 1969 dia bergabung dengan orkes keroncong Bintang Jakarta pimpinan Budiman BJ. Kemudian, pada tahun tahun 1976, Manthous yang juga piawai bermain bas mendirikan grup band Bieb Blues berciri funky rock bersama dengan Bieb anak Benyamin S. Bieb Blues bertahan hingga tahun 1980. Kemudian, Manthous bergabung dengan Idris Sardi, dalam grup Gambang Kromong Benyamin S. Selain itu, sebelumnya ia pernah juga menjadi pengiring Bing Slamet ketika tampil melawak dalam Grup Kwartet Jaya.
Kelihatannya semua pengalaman inilah yang membuat Manthous menguasai aliran musik apa pun. Dalam khazanah dangdut, bahkan, dia juga menjadi panutan karena mampu mencipta trik-trik permainan bas, yang kemudian ditiru oleh para pemain bas dangdut sekarang.
Pada tahun 1993, Manthous mendirikan Grup Musik Campursari Maju Lancar Gunung Kidul. Garapannya menampilkan kekhasan campursari dengan langgam-langgam Jawa yang sudah ada. Ada warna rock, reggae, gambang kromong, dan lainnya. Ada juga tembang Jawa murni seperti Kutut Manggung, atau Bowo Asmorondono, dengan gamelan yang diwarnai keyboard dan gitar bas. Bersama grup musik yang berdiri tahun 1993 dan beranggotakan saudara atau rekan sedaerah di Playen, Gunungkidul, Yogyakarta itu, Manthous menyelesaikan sejumlah volume rekaman di Semarang. Omzet penjualan mencapai 50.000 kaset setiap volume, tertinggi dibanding kaset langgam atau keroncong umumnya pada tahun-tahun pertengahan 1990-an.Di samping menyanyi sendiri dalam kegiatan rekaman itu Manthuos juga menampilkan suara penyanyi Sulasmi dari Sragen, Minul dari Gunungkidul, dan Sunyahni dari Karanganyar. Beberapa lagunya yang populer di antaranya Anting-anting, Nyidamsari, Gandrung, dan Kutut Manggung. Namun, karya besarnya yang banyak dikenal oleh orang Indonesia adalah Getuk yang pertama kali dipopulerkan oleh Nurafni Octavia. Sampai sebelum akhirnya terkena serangan stroke, Manthous bersama Grup Campursari Maju Lancar Gunungkidul menjadi kiblat bagi para pencinta lagu-lagu langgam Jawa dan campursari.
• Didi Kempot
Didi Prasetyo, atau lebih dikenal dengan Didi Kempot, adalah tokoh campursari pasca-Manthous. Didi Kempot yang lahir di Solo, 31 Desember 1966, itu hanya jebolan kelas II SMA. Awalnya anak dari Ranto Eddy Gudel, pelawak terkenal dari Solo itu adalah seorang pengamen. Dari dunia "jalanan" itulah, lahir lagu-lagunya yang kemudian menjadi hit, seperti Stasiun Balapan, Terminal Tirtonadi, Tulung, Cucak Rowo, Wen-Cen-Yu, Yang Penting Hepi, dan Moblong Moblong. Khusus untuk Cucak Rowo, sebenarnya lagu ini merupakan remake atau pembuatan ulang dari lagu lama di Indonesia.
Saat ini, nama Didi Kempot sangat terkenal dan selalu dikaitkan dengan langgam Jawa dan Campursari. Didi tidak hanya terkenal di Indonesia, tetapi juga Suriname dan Belanda. Di kalangan masyarakat Jawa atau keturunan Jawa, dia dianggap sebagai superstar. Bahkan, ketikaPresiden Suriname, Weyden Bosch datang berkunjung ke Indonesia pada tahun 1998, beliau mengundang Didi secara pribadi. Berkat dedikasinya kepada musik dan lagu berwarna langgam Jawa, oleh warga Jawa di Belanda, dia kemudian diberi gelar Penyanyi Jawa Teladan.
Album pertama Didi muncul pada tahun 1999. Di dalamnya terdapat lagu Cidro dan Stasiun Balapan. Semula tidak ada seorang pun pedagang kaset yang melirik karyanya. Mungkin karena warna musiknya yang lain, dan gayanya yang edan, dibandingkan lagu Manthous dan Anjar Any yang sedang populer di tahun 1990-an. Namun, kemudian, album pertamanya ternyata meledak di pasaran. Sejak saat itu, Didi mulai merasa yakin untuk menekuni tembang-tembang Jawa. Adik dari pelawak Mamiek Prakosa ini kemudian menjadi salah satu ikon dari campur sari. Tawaran untuk membuat album pun datang dengan deras, bahkan dia pernah membuat 12 album sekaligus dalam satu tahun.

Tembang Macapat

Tembang kalebu karya sastra kang duwe daya kekuwatan lan kaendahan, mula iso kanggo sarana pembangunan watak bangsa.
Tembang macapat minangka salah siji wujude tembang Jawa ing kasusastran jawa anyar, manut riwayat timbule tembang macapat iku kacipta dening para wali. Tembang macapat minangka pralambang laku uriping manungsa.
1. Ciri-ciri tembang macapat
kaya ing ngisor iki :
a. Kaiket ing wewaton (guru) :
Guru Gatra : cacahing gatra/larike/baris saben sapada/bait.
Guru Wilangan : cacahing wanda/suku kata saben sagatra.
Guru Lagu : tibaning swara ing saben pungkasane gatra.
b. Basane jawa anyar, deseseli basa jawa kuna (kawi).
c. Isine bab pitutur, kasusilan, dongeng, kaprajan wayang, lsp.
2. Jenise tembang macapat
Tembang macapat iku cacahe ana 11, yaiku :
a. Mijil
b. Maskumambang
c. Kinanthi
d. Sinom
e. Asmaradana
f. Durma
g. Dhandang gula
h. Gambuh
i. Pangkur
j. Pocung
k. Megatruh
3. Paugerane tembang macapat
No Tembang
macapat Guru
Gatra Guru wilangan lan Guru lagu
1 2 3 4 5 6 7 8 9 10
1 mijil 6 10i 6o 10e 10i 6i 6a
2 maskumambang 4 12i 6a 8i 8a
3 Kinanthi 6 8u 8i 8a 8i 8a 8i
4 Sinom 9 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a
5 Asmaradana 7 8i 8a 8e 8a 7a 8u 8a
6 Durma 7 12a 7i 6a 7a 8i 5a 7i
7 Dhandanggula 10 10i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a
8 Gambuh 5 7u 10u 12i 8u 8o
9 Pangkur 7 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i
10 Megatruh 5 12u 8i 8u 8i 8o
11 Pocung 4 12u 6a 8i 12a
4. Sasmita lan wewatakane tembang macapat
a. Tembang Pocung
Sasmitane : pucung, kaluwak, wanda cung
Watake : sakepenake lan kurang greget, lumrahe kanggo nelakake geguyonan lan pitutur
b. Tembang Maskumambang
Sasmitane : maskumambang, kampul, maskentir, kambang, kentir
Watake : susah utawa sedih lan melas asih mula cocok kanggo nelakake rasa kesedihan kang ngenesake
c. Tembang Megatruh
Sasmitane : duduk wuluhtruh, megatruh, pegat, duduk, wuluh, luh
Watake : sedih lan kentekan pangarep-arep mula lumrah kanggo nelakake crita kang nggrantesake ati
d. Tembang Gambuh
Sasmitane : gambuh, buh, jumbuh, tambuh
Watake : grapyak, sumanak, mula cocok kanggo nyritakake pitutur
e. Tembang Mijil
Sasmitane : mijil, pamijil, wijil, wiyos, raras, medal, sulastri
Watake : tinarbuka, mula pantes kanggo nelakake pitutur nasehat lan uga crita katresnan utawa asmara
f. Tembang Kinanthi
Sasmitane : kinanthi, kanthi, gandeng, kanthil
Watake : seneng, tresna asih, mitutura, nuladhani, mula lumrahe kanggo menehi pitutur lan crita kang nelakake rasa tresna asih
g. Tembang Asmaradana
Sasmitane : asmaradan, asmara, brangta,kingkin, yungyun
Watake : tresna asih lan sedih, mula pantes kanggo nelakake rasa brangta, kayungyun, tresna asih, lan crita katresnan liyane
h. Tembang Durma
Sasmitane : durma, dur, undur, sirna, galak
Watake : galak, seneng, lan ngemu kenepson, mula cocok kanggo wong kang ana ing kahanan paprangan
i. Tembang Pangkur
Sasmitane : pangkur, wuntat, pungkur, ungkur, yudakenaka
Watake : seneng, antepan ati lan gagah, mula pantes kanggo nyritakake crita kagol, mangkelake, pitutur kang disebabka rasa mangkel lan uga kahanan paprangan
j. Tembang Sinom
Sasmitane : sinom, taruna, anom, weni, nom, srinata pamase, logondang, rema, pangrawit, mudha
Watake : sabar grapyak, lan sumanak mula lumrahe kanggo nelakake crita kang ngemu piwulang lan pitutur
k. Tembang Dhandang gula
Sasmitane : dhandang gula, sarkara, hartati, dhandang, madu, manis, sari bremana, gula drawa gagak, kaga tresna
Watake : luwes, kemes lan ndadut ati, mula pantes kanggo nelakake crita apa bae ing ngendi bae, lan kahanan apa bae
5. Gawe tembang macapat
Carane gawe tembang macapat, yaiku:
Miliha tembung-tembung sing mentes tur edi peni
Tembung sing dipilih kudu ana sesambungane karo tema utawa isine
Saben tembang sing dipilih kudu sesambungan antarane siji lan sijine
Ana sesambungane antara ukara larik siji karo sijine sapada
Supaya bisa nyocokake guru lagune, tembunge bisa diwalik panggonane
Aja lali ngetung guru wilangane.
Sumber: Hidayah, Nurul, dkk.2009.Marsudi Basa Jawa kangge siswa SMP/Mts kelas 9.Solo:Tiga Serangkai.

Panyandra

Panyandra yaiku unen – unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandingan sarta ngemu teges mirip utawa memper. Kang dicandra baba becike lan mengku ngalem kaendahan, kayata kahananing manungsa, kahanane sata kewan, kahanane tetuwuhan, kahanane alam lsp.
A. CANDRANENG MANUNGSA ( PERANGANENG AWAK )
  • Alise : nanggal sapisan
  • Astane : nggandewa gadhing
  • Athi-athine : ngudhup turi
  • Awake : ramping
  • Bangkekane : nawon kemit
  • Bathuke : nyela cendhane
  • Bokonge : manjang ngilang
  • Brengose : nglaler menclok, nguler keket
  • Cahyane : ngalentrih, sumunu, sumunar
  • Dedege : ngringin sungsang
  • Drijine : mucuk ri
  • Eseme : pahit madu, kaya madu, pinastika
  • Godheke : simbar rumembun
  • Gulune : ngolan-olan, ngelung gadung
  • Idepe : tumenga ing tawang
  • Irunge : mbangir, kencana pinantar, ngudup mlati
  • Jangkahe : njalak njrinjing
  • Jempolane : ngendas ula
  • Kempole : ngembang pudhak, nyikil/nyutang walang
  • Lakune : mager timun, macan luwe
  • Lambehane : mblarak sempal, merak kasimpir, nyigar jambe
  • Lambene : nggula satemplik, manggis karengat
  • Lengene : nggandhewa pinentang
  • Mripate : ndamar kanginan, blalak-blalak, bawang sabungkul
  • Netrane : liyep alindri
  • Pakulitane : ireng manis, ngulit langsep
  • Pamulune : prada binabar, ambengle kiris
  • Pawakane : ramping, gagah pidegsa
  • Pipine : duren sajuring
  • Polatane : ruruh jatmika
  • Praene : sumunar
  • Pundhake : nraju mas
  • Pupune : mukang gangsir
  • Rambute : ngembang bakung, ngandan-andan
  • Sinome : mbibis mabur, micis wuncar
  • Slirane : sedhet singset
  • Solahe : merak ati
  • Susune : nyengkir gading
  • Swarane : ngombak banyu
  • Tangane : nggendewa pinentang
  • Tungkake : bunder lir jinangka
  • Untune : miji timun, ngelar kombang
  • Ulate : sumeh / sumunar
  • Wange : nyangkal putung, ngungkal gerang
  • Watake : andhap asor
  • Wentise : ndamen meteng, mukang gangsir

  B. CANDRA SOLAH BAWA ( TANDANG GAWE )
  • Lakune kaya macan luwe.
  • Pangamuke kaya bantheng ketaton.
  • Swarane kaya mbelah – mbelahna bumi.
  • Lambeane mblarak sempal.

C. CANDRANENG WONG NESU
  • Talingan sir sinebitØ
  • Idep mangada – adaØ
  • Angga mubal dahanaØ

D. CANDRANENG WONG NESU
  • Eka padmi sariØ
  • Dwi amartaniØ
  • Tri kawula busanaØ
  • Catur wanara rukemØ
  • Nawa gra lupaØ
  • Panca sura panggahØ
  • Dasa yaksa wangkeØ

E. CANDRANING MANGSA ( KAANANING ALAM )
  • Satya murca ing embanan = candrane mangsa kasa. Tegese : Wiwit wit – witan padha brindhil
  • Bantala rengka = candrane mangsa karo. Tegese : lemah – lemah padha nela ( mlethek )
  • Suta manut bapa = crandrane mangsa ketelu. Tegese : wit gembili ( gadhung ) padha mrambat.
  • 4. Waspa kumembenng jroning kalbu = candrane mangsa kapat. Tegese : tuk – tuk padha pipet ( bumpet )
  • 5. Pancuran mas semawur ing jagat = candrane mangsa kalima. Tegese : wiwit akeh udan
  • 6. Rasa mulya kasucen = candrane mangsa kanem. Tegese : ungsum who – wohan mirasa
  • 7. Wisa kentar ing maruta = candrane mangsa kapitu. Tegese : akeh lelara
  • 8. Ajrah jroning kayun = candrane mangsa kawolu. Tegese : mangsane kucing gandhik
  • 9. Wedharing wacana mulya = candrane mangsa kasongo. Tegese : mangsane gareng muni, gangsir ngenthir
  • 10. Gedhong minep jroning kalbu = candrane mangsa sepuluh. Tegese : akeh kewan meteng, manuk ngendhok
  • 11. Sotya sinara wedi = candrane mangsa sada. Tegese : mangsane manuk gloloh
  • 12. Tirta sah saking sasana = candrane mangsa desta. Tegese : mangsa pedhidhing utawa adhem

AMBAL WARSA lan TANGGAP WARSA

AMBAL WARSA lan TANGGAP WARSA

Aja nganti klera-kleru enggone ngetrepake rong tembung sing 'katone" kaya dhumpyuk iku. Yen lali marang tegesing siji lan sijine, bisa klera-kleru enggone nggunakake ing dhapukane ukara.

AMBAL WARSA = ulang taun.
Ambal ( ambal-ambalan) = bola bali. Wis bola-bali enggone nglakoni gumantine taun jroning urip.
Ukara > (1) Tanggal 20 Pebruari taun 2014 ambal warsane kang kaping 18 paguyuban Sriwedari. (2) Sugeng ambal warsa ingkang kaping 50 kagem Bapak Bratakesawa , 25 Pebruari 2014.

TANGGAP WARSA
Tanggap = gita = gita-gita = nggatekake enggone nampa tekane taun ( warsa ) anyar. Ukara > (1) Sugeng tanggap warsa taun 2014, mugi-mugi tansah winantu ing karaharjan nir ing sambekala. (2) Kagem Bapak, wilujeng tanggap warsa 2014, mugi-maugi tetepa manggih bagya mulya pinayungan ing Pangeran. @Djajoes Pete.