Tembang kalebu karya sastra kang duwe daya kekuwatan lan kaendahan, mula iso kanggo sarana pembangunan watak bangsa.
Tembang macapat minangka salah siji wujude tembang Jawa ing kasusastran jawa anyar, manut riwayat timbule tembang macapat iku kacipta dening para wali. Tembang macapat minangka pralambang laku uriping manungsa.
1. Ciri-ciri tembang macapat
kaya ing ngisor iki :
a. Kaiket ing wewaton (guru) :
Guru Gatra : cacahing gatra/larike/baris saben sapada/bait.
Guru Wilangan : cacahing wanda/suku kata saben sagatra.
Guru Lagu : tibaning swara ing saben pungkasane gatra.
b. Basane jawa anyar, deseseli basa jawa kuna (kawi).
c. Isine bab pitutur, kasusilan, dongeng, kaprajan wayang, lsp.
2. Jenise tembang macapat
Tembang macapat iku cacahe ana 11, yaiku :
a. Mijil
b. Maskumambang
c. Kinanthi
d. Sinom
e. Asmaradana
f. Durma
g. Dhandang gula
h. Gambuh
i. Pangkur
j. Pocung
k. Megatruh
3. Paugerane tembang macapat
No Tembang
macapat Guru
Gatra Guru wilangan lan Guru lagu
1 2 3 4 5 6 7 8 9 10
1 mijil 6 10i 6o 10e 10i 6i 6a
2 maskumambang 4 12i 6a 8i 8a
3 Kinanthi 6 8u 8i 8a 8i 8a 8i
4 Sinom 9 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a
5 Asmaradana 7 8i 8a 8e 8a 7a 8u 8a
6 Durma 7 12a 7i 6a 7a 8i 5a 7i
7 Dhandanggula 10 10i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a
8 Gambuh 5 7u 10u 12i 8u 8o
9 Pangkur 7 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i
10 Megatruh 5 12u 8i 8u 8i 8o
11 Pocung 4 12u 6a 8i 12a
4. Sasmita lan wewatakane tembang macapat
a. Tembang Pocung
Sasmitane : pucung, kaluwak, wanda cung
Watake : sakepenake lan kurang greget, lumrahe kanggo nelakake geguyonan lan pitutur
b. Tembang Maskumambang
Sasmitane : maskumambang, kampul, maskentir, kambang, kentir
Watake : susah utawa sedih lan melas asih mula cocok kanggo nelakake rasa kesedihan kang ngenesake
c. Tembang Megatruh
Sasmitane : duduk wuluhtruh, megatruh, pegat, duduk, wuluh, luh
Watake : sedih lan kentekan pangarep-arep mula lumrah kanggo nelakake crita kang nggrantesake ati
d. Tembang Gambuh
Sasmitane : gambuh, buh, jumbuh, tambuh
Watake : grapyak, sumanak, mula cocok kanggo nyritakake pitutur
e. Tembang Mijil
Sasmitane : mijil, pamijil, wijil, wiyos, raras, medal, sulastri
Watake : tinarbuka, mula pantes kanggo nelakake pitutur nasehat lan uga crita katresnan utawa asmara
f. Tembang Kinanthi
Sasmitane : kinanthi, kanthi, gandeng, kanthil
Watake : seneng, tresna asih, mitutura, nuladhani, mula lumrahe kanggo menehi pitutur lan crita kang nelakake rasa tresna asih
g. Tembang Asmaradana
Sasmitane : asmaradan, asmara, brangta,kingkin, yungyun
Watake : tresna asih lan sedih, mula pantes kanggo nelakake rasa brangta, kayungyun, tresna asih, lan crita katresnan liyane
h. Tembang Durma
Sasmitane : durma, dur, undur, sirna, galak
Watake : galak, seneng, lan ngemu kenepson, mula cocok kanggo wong kang ana ing kahanan paprangan
i. Tembang Pangkur
Sasmitane : pangkur, wuntat, pungkur, ungkur, yudakenaka
Watake : seneng, antepan ati lan gagah, mula pantes kanggo nyritakake crita kagol, mangkelake, pitutur kang disebabka rasa mangkel lan uga kahanan paprangan
j. Tembang Sinom
Sasmitane : sinom, taruna, anom, weni, nom, srinata pamase, logondang, rema, pangrawit, mudha
Watake : sabar grapyak, lan sumanak mula lumrahe kanggo nelakake crita kang ngemu piwulang lan pitutur
k. Tembang Dhandang gula
Sasmitane : dhandang gula, sarkara, hartati, dhandang, madu, manis, sari bremana, gula drawa gagak, kaga tresna
Watake : luwes, kemes lan ndadut ati, mula pantes kanggo nelakake crita apa bae ing ngendi bae, lan kahanan apa bae
5. Gawe tembang macapat
Carane gawe tembang macapat, yaiku:
Miliha tembung-tembung sing mentes tur edi peni
Tembung sing dipilih kudu ana sesambungane karo tema utawa isine
Saben tembang sing dipilih kudu sesambungan antarane siji lan sijine
Ana sesambungane antara ukara larik siji karo sijine sapada
Supaya bisa nyocokake guru lagune, tembunge bisa diwalik panggonane
Aja lali ngetung guru wilangane.
Sumber: Hidayah, Nurul, dkk.2009.Marsudi Basa Jawa kangge siswa SMP/Mts kelas 9.Solo:Tiga Serangkai.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar