AMBAL WARSA lan TANGGAP WARSA
Aja nganti klera-kleru enggone ngetrepake rong tembung sing 'katone" kaya dhumpyuk iku. Yen lali marang tegesing siji lan sijine, bisa klera-kleru enggone nggunakake ing dhapukane ukara.
AMBAL WARSA = ulang taun.
Ambal ( ambal-ambalan) = bola bali. Wis bola-bali enggone nglakoni gumantine taun jroning urip.
Ukara > (1) Tanggal 20 Pebruari taun 2014 ambal warsane kang kaping 18 paguyuban Sriwedari. (2) Sugeng ambal warsa ingkang kaping 50 kagem Bapak Bratakesawa , 25 Pebruari 2014.
TANGGAP WARSA
Tanggap = gita = gita-gita = nggatekake enggone nampa tekane taun ( warsa ) anyar. Ukara > (1) Sugeng tanggap warsa taun 2014, mugi-mugi tansah winantu ing karaharjan nir ing sambekala. (2) Kagem Bapak, wilujeng tanggap warsa 2014, mugi-maugi tetepa manggih bagya mulya pinayungan ing Pangeran. @Djajoes Pete.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar